GEGURITAN Endahe Alam Yen
mandheng alam iki ..Pikiran
susah dadi endahAnggugah
semangat urip kangge jiwa ikiAti
pun dadi sumringah lan bungahYen
ndeleng uwit ijo royo-royoAwujud
ciptaan sing kuasa Lan kesucian sinar surya
Kanggo padhange dunya iki
Puji syukur matur nang Gusti Allah
Marang kaendahan isine ing bumi
Sing kudu dijaga lestariane
Tanpa ngilangake kaendahane
KAWULA NASIBMU Apa durung cukup Gusti
paring bebendu;segara disuntak mbludagLemah amblas bengkahBanjir bandhang banjir
lendhutBanjir maut Nelangsa
papa citraka wis ora krasa apa-apaAmarga wis kulinaNgayut tuwuh dadi
pilihan ampuhTinimbang didawa-dawa
tan oleh pedah lan gunaOh... nasibmu
kawula.....Sikil kelangan pidakanAwak kelangan wewayanganDina sesuk kelangan
tanggalDicolong dirampok kecu
lan brandalBrandal ora ngerti
bebenduKecu ora ngerti kleruBrandal tata jaman
lumrahNguntal bumi ngaluamahKecu badan alus nggetih
biruNgganyang uripe
kawula-koluOh.... kawula nasibmu... CERITA LEGENDA
Tangkuban perahu ing ngisor iki. Cerita Jawa Gunung Tangkuban Perahu Wektu kui, ana anak wadon ayu saka Prabu Sungging Perbangkara saka kerajaan gedhé ing Jawa Barat. Putrine iku diparingi jeneng Dayang Sumbi. Paras ayune Dayang Sumbi pancen ora iso disangkal. Akeh para raja pada perang rebutan Dayang Sumbi minangka dadi bojoné.
Kroso awake dadi sumber saka peperangan, Dayang Sumbi akhire mutusaké kanggo pindhah menyang alas lan manggon ana ing kono. Ana sak wijining dina, nalika Dayang Sumbi nembe nenun kain dumadakan bolah kang diagem ngglundung ana ing lemah. Amarga puguh njupuk bolah tenunan ing lemah, sak kecap Dayang Sumbi ngandika, "Sapa sing bisa njupuke bolah tenunan ing lemah iku, kang bakal dadi bojoku." Dumadakan ana segawon njupukake bolah tenunan lan kaparingake marang Dayang Sumbi. Segawon iku jenenge Tumang. Segawon iku dudu segawon biasa, jarene tumang katurunan saka Dewa. Amerga iku wis dadi janji, pungkasanipun Dayang Sumbi ndadekake Tumang minangka bojo lan saka kromoning iki keparingan anak lanang sing diparingi jeneng Sangkuriang. Singkat crita Sangkuriang dadi perjaka kang gagah lan nggantheng, ugo kuat. Sajrone urip, piyambakipun tansah diiringi Tumang kang nganggep mung segawon ingunan, dudu ramane dhewek’e. Sawise, Sangkuriang dijaluk kanggo mburu kewan karo Tumang dening ibuné, Dayang Sumbi. "Ibu, aku bakal nggawa ati kidang kangge njenengan" janji Sangkuriang marang Dayang Sumbi. "Hugg ... hugg" jegog Tumang. "Iyo ngger, ati-ati." Ngandika Dayang Sumbi marang Sangkuriang. Sangkuriang lan Tumang miwiti mburu kidang. Sawise mburu sedina tanpa asil, Sangkuriang ngangap bakal nggawe kuciwa ibune. Dumadakan Sangkuriang njupuk panah lan ngarahke panah marang Tumang banjur njupuk atine kanggo diwenehke marang ibune. Ing ngarep omah Sangkuriang menehi ati Tumang marang ibuné. Tapi Dayang Sumbi éling iku ing kasunyatan ora ati menjangan nanging ati segawon, yaiku atine Tumang. Panjenenganipun duka lan “cetaaaakkkkk...” Sangkuriang ditutuk sendok ing sirahe marang ibu’e. Banjur Sangkuriang minggat saka omah lah ngglandang ana kabeh ndonya tanpa tujuan. Singkat cerita sak wise puluhan tahun Sangkuriang tanpa sadar teka dumugi ing desa iku maneh. Dheweke ketemu karo wong wadon ayu kang sak temene iku ibuné. Sangkuriang katresnan karo Dayang Sumbi lan mutusaké kanggo njaluk nikah marang Dayang Sumbi. Tapi Dayang Sumbi banjur sadar menawa wong kang dheweke tresnani iku anak dheweke. Panjenenganipun weruh tatu ing sirahe Sangkuriang. Kanggo ngrintangi Sangkuriang omah-omah karo dheweke, Dayang Sumbi banjur wenehi 2 syarat supaya Sangkuriang bisa nikahi Dayang Sumbi. "Yen sampeyan pengin omah-omah kara aku, nggaweke disik Danau lan prau gedhe banget ing sewengi" kongkon Dayang Sumbi. "Siap, yen sampeyan pengin. Aku bakal menehi apa penjalukmu. " jawab Sangkuriang. Kanthi kekuatan lan bantuan saka lelembut, kanggo mujudake panjaluk Dayang Sumbi iku. Wengi tansah mlaku, Sangkuriang anggone temandang gawe ugo tansah mlaku. Kuwatir Sangkuriang bakal bisa ngrampungake penjalukane Dayang Sumbi, banjur Dayang Sumbi ndedonga marang Gusti Allah kanggo gagalake maksud Sangkuriang. Dumadakan cahya saka ingkang siseh wétan njedul lan esuk teka. Mikir yen penggaweane bakal muspra lan sia-sia. Kanti nesu Sangkuriang nendang prau gaweane sing gedhe. Banjur Perhau iku bablas tiba mengkurep dadi gunung kang diarani gunung Tangkuban Prahu. Tangkuban Perahu tegese kebalik lan prau. Nah saka cerita ana ing nduwur menehi pembelajaran kanggo kita kabeh supoyo ora sening ngapusi lueh-lueh marang wong tua loro.
Dumadhine
Rawa Pening Ing gunung
Merbabu ana Pandhita tarak brata, kagungan putra kang salah kedaden awujud
naga. Naga mau sangsaya mundhak gedhe. Nuju sawijine dina naga mau mara menyang
pratapane Sang Pandhita, ngaku menawa putrane.Sang Pandhita banget anggone
kewuhan ing penggalih. Wusana ngendika mangkene, “Eh naga, elok temen kowe yen
ngaku anake manungsa, Ewa semono aku iyo gelem ngakoni anak marang sira menawa
gelem tapa nglekeri gunung Merbabu iki kongsi tepung gelang, yen sira
bisnyakepi gunung iki iya dakaku anak temenan.”Kacarita naga
mau banjur nglekeri gunung Merbabu. Saking suwene anggone tapa, awake dirambati
oyot-oyodan nganti ora katon wujude naga. Suwene pethithing buntut arep
digathukake karo sirahe isih cupet, ilate banjur dieletke supaya bisa gathuk
karo buntut. Wusana Sang Ajar priksa, ilat ditigas, lan kethokan ilat mau dadi
wesi nuli kinarya gegaman dening Sang Ajar. Naga mau tumekeng tiwas, awake
sangsaya suwe sangsaya ora katon amarga saking akehe rerungkudan.Ing
sawijining wektu, wong-wong padhusan padha mbeburu kewan alas, arep kanggo
wilujengan besih dusun. Meh sedino muput ora antuk gawe, terus padha ngaso
lungguhan ing sangisoring wit gedhe. Ana salah sawijine wong kang kethok-kethok
kayu landhesan oyod gedhe. Saiba kagete dene oyod mau ngetokake rah.
Kanca-kancane padha gawok, sarta duwe pandunga menawa kang metu rahe iku ula
gedhe.Tinimbang ora
anthuk kewan alas, antuk ula gedhe iya lumayan. Wong-wong mau banjur pada
mbruncah ula, daginge digawa mantuk kapasrahake menyang daleme Pak Bayan.
Esuke ing
daleme Pak Bayan wong-wong wadon pada rewang olah-olah, marga sorene arep
wilujeng bersih dusun. Suksmane ula mau memba-memba bocah lanang, mara menyang
daleme Pak Bayan njaluk sega karo iwak, nanging ora dir ewes babar pisan. Ana
sawijine wong wadon tuwa sing welas marang bocah mau, banjur menehi sega lawuh
iwak. Bocah lanang mau seneng banget, saking rasa panarimane, banjur meling
marang Simbah Wedok mangkene, “Mbah mangke badhe wonten bena ageng, sampeyan
sedhiya lesung kalih enthong, lesung kangge prau, enthongipun kangge melahi”.Bocah lanang
mau bareng wis wareg, banjur menyang latarnancepke sada ing lemah, ing kono
akeh bocah liyane sing pada ngrubung. Bocah sing duwe sada mau kandha mangkene,
“ Ayo, sapa bisa mbedhol sadaku iki? “akeh bocah sing padha nyoba genti-genten
mbedhol, nanging siji-siji ora ono sing kuwawa. Wong-wong ing pendhapa bareng
krungu bocah-bocah ngguyu ger-geran banjur padha metu. Wusana wong-wong mau
padha melu nyoba mbedhol, nanging yo ora anak sing kuwawa. Bocah kang duwe sada
nuli kandha, “Yen ora ana sing kuwawa mbedhol, endi dak bedhole dhewe!”.Sawise saa
kebedhol, tilase sada mau mancur banyu. Banyu mili gumbrojog, sangsaya suwe
nuwuhake banjir, wong sadhusun pating jerit ora karuwan polahe, wusana
padha mati keblabak banjir. Nanging ana siji slamet merga numpak lesung, yaiku
wong tuwa wadon kang menehi sega bocah lanang mau. Papan kang kebanjiran
kasebut nganti seprene dadi rawa, ingaran Rawa Pening, kang pinangka tuk
sumbere kali Tuntang.
PIDATO BAHASA JAWA
Perpisahan Sekolah
Pembukaan
Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :Assalamualaikum Wr. Wb.
Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu
Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin
rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit
ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal
menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjanIsi Pidato
Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken
agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan
anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken
kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.
Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu
Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah
pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah
dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang
maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring
ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca
ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.Penutup
Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan
malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah,
Amin..
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa
ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten. Wassalamualaikum wr. Wb
Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan
Assalamu’alaikum Warahmatullahi
Wabarakaatuh.
Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang
kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang berbahagiya niki monggo kulo lan
pan-jenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt.
ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal niki kito sedoyo
saget kempal wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten pendidikan
Nasional ingkang tepatipun tanggai kaping kalih saking wulan Mei tahun ;…….
Tidak ada komentar:
Posting Komentar