Selasa, 08 Maret 2016

GEGURITAN, CERITA LEGENDA, PIDATO BAHASA JAWA

 GEGURITAN Endahe Alam Yen mandheng alam iki ..Pikiran susah dadi endahAnggugah semangat urip kangge jiwa ikiAti pun dadi sumringah lan bungahYen ndeleng uwit ijo royo-royoAwujud ciptaan sing kuasa      Lan kesucian sinar surya     Kanggo padhange dunya iki     Puji syukur matur nang Gusti Allah     Marang kaendahan isine ing bumi     Sing kudu dijaga lestariane     Tanpa ngilangake kaendahane  
  KAWULA NASIBMU Apa durung cukup Gusti paring bebendu;segara disuntak mbludagLemah amblas bengkahBanjir bandhang banjir lendhutBanjir maut          Nelangsa papa citraka wis ora krasa apa-apaAmarga wis kulinaNgayut tuwuh dadi pilihan ampuhTinimbang didawa-dawa tan oleh pedah lan gunaOh... nasibmu kawula.....Sikil kelangan pidakanAwak kelangan wewayanganDina sesuk kelangan tanggalDicolong dirampok kecu lan brandalBrandal ora ngerti bebenduKecu ora ngerti kleruBrandal tata jaman lumrahNguntal bumi ngaluamahKecu badan alus nggetih biruNgganyang uripe kawula-koluOh.... kawula nasibmu...   CERITA LEGENDA

Tangkuban perahu ing ngisor iki. Cerita Jawa Gunung Tangkuban Perahu Wektu kui, ana anak wadon ayu saka Prabu Sungging Perbangkara saka kerajaan gedhé ing Jawa Barat. Putrine iku diparingi jeneng Dayang Sumbi. Paras ayune Dayang Sumbi pancen ora iso disangkal. Akeh para raja pada perang rebutan Dayang Sumbi minangka dadi bojoné. 

Kroso awake dadi sumber saka peperangan, Dayang Sumbi akhire mutusaké kanggo pindhah menyang alas lan manggon ana ing kono. Ana sak wijining dina, nalika Dayang Sumbi nembe nenun kain dumadakan bolah kang diagem ngglundung ana ing lemah. Amarga puguh njupuk bolah tenunan ing lemah, sak kecap Dayang Sumbi ngandika,  "Sapa sing bisa njupuke bolah tenunan ing lemah iku, kang bakal dadi bojoku."  Dumadakan ana segawon njupukake bolah tenunan lan kaparingake marang Dayang Sumbi. Segawon iku jenenge Tumang. Segawon iku dudu segawon biasa, jarene tumang katurunan saka Dewa. Amerga iku wis dadi janji, pungkasanipun Dayang Sumbi ndadekake Tumang minangka bojo lan saka kromoning iki keparingan anak lanang sing diparingi jeneng Sangkuriang.  Singkat crita Sangkuriang dadi perjaka kang gagah lan nggantheng, ugo kuat. Sajrone urip, piyambakipun tansah diiringi Tumang kang nganggep mung segawon ingunan, dudu ramane dhewek’e.  Sawise, Sangkuriang dijaluk kanggo mburu kewan karo Tumang dening ibuné, Dayang Sumbi.  "Ibu, aku bakal nggawa ati kidang kangge njenengan" janji Sangkuriang marang Dayang Sumbi. "Hugg ... hugg" jegog Tumang.  "Iyo ngger, ati-ati." Ngandika Dayang Sumbi marang Sangkuriang.  Sangkuriang lan Tumang miwiti mburu kidang. Sawise mburu sedina tanpa asil, Sangkuriang ngangap bakal nggawe kuciwa ibune. Dumadakan Sangkuriang njupuk panah lan ngarahke panah marang Tumang banjur njupuk atine kanggo diwenehke marang ibune. Ing ngarep omah Sangkuriang menehi ati Tumang marang ibuné. Tapi Dayang Sumbi éling iku ing kasunyatan ora ati menjangan nanging ati segawon, yaiku atine Tumang. Panjenenganipun duka lan “cetaaaakkkkk...” Sangkuriang ditutuk sendok ing sirahe marang ibu’e. Banjur Sangkuriang minggat saka omah lah ngglandang ana kabeh ndonya tanpa tujuan.  Singkat cerita sak wise puluhan tahun Sangkuriang tanpa sadar teka dumugi ing desa iku maneh. Dheweke ketemu karo wong wadon ayu kang sak temene iku ibuné. Sangkuriang katresnan karo Dayang Sumbi lan mutusaké kanggo njaluk nikah marang Dayang Sumbi. Tapi Dayang Sumbi banjur sadar menawa wong kang dheweke tresnani iku anak dheweke. Panjenenganipun weruh tatu ing sirahe Sangkuriang. Kanggo ngrintangi Sangkuriang omah-omah karo dheweke, Dayang Sumbi banjur wenehi 2 syarat supaya Sangkuriang bisa nikahi Dayang Sumbi.   "Yen sampeyan pengin omah-omah kara aku, nggaweke disik Danau lan prau gedhe banget ing sewengi" kongkon Dayang Sumbi. "Siap, yen sampeyan pengin. Aku bakal menehi apa penjalukmu. " jawab Sangkuriang.  Kanthi kekuatan lan bantuan saka lelembut, kanggo mujudake panjaluk Dayang Sumbi iku. Wengi tansah mlaku, Sangkuriang anggone temandang gawe ugo tansah mlaku. Kuwatir Sangkuriang bakal bisa ngrampungake penjalukane Dayang Sumbi, banjur Dayang Sumbi ndedonga marang Gusti Allah kanggo gagalake maksud Sangkuriang. Dumadakan cahya saka ingkang siseh wétan njedul lan esuk teka.  Mikir yen penggaweane bakal muspra lan sia-sia. Kanti nesu Sangkuriang nendang prau gaweane sing gedhe. Banjur Perhau iku bablas tiba mengkurep dadi gunung kang diarani gunung Tangkuban Prahu. Tangkuban Perahu tegese kebalik lan prau.  Nah saka cerita ana ing nduwur menehi pembelajaran kanggo kita kabeh supoyo ora sening ngapusi lueh-lueh marang wong tua loro. 


 Dumadhine Rawa Pening Ing gunung Merbabu ana Pandhita tarak brata, kagungan putra kang salah kedaden awujud naga. Naga mau sangsaya mundhak gedhe. Nuju sawijine dina naga mau mara menyang pratapane Sang Pandhita, ngaku menawa putrane.Sang Pandhita banget anggone kewuhan ing penggalih. Wusana ngendika mangkene, “Eh naga, elok temen kowe yen ngaku anake manungsa, Ewa semono aku iyo gelem ngakoni anak marang sira menawa gelem tapa nglekeri gunung Merbabu iki kongsi tepung gelang, yen sira bisnyakepi gunung iki iya dakaku anak temenan.”Kacarita naga mau banjur nglekeri gunung Merbabu. Saking suwene anggone tapa, awake dirambati oyot-oyodan nganti ora katon wujude naga. Suwene pethithing buntut arep digathukake karo sirahe isih cupet, ilate banjur dieletke supaya bisa gathuk karo buntut. Wusana Sang Ajar priksa, ilat ditigas, lan kethokan ilat mau dadi wesi nuli kinarya gegaman dening Sang Ajar. Naga mau tumekeng tiwas, awake sangsaya suwe sangsaya ora katon amarga saking akehe rerungkudan.Ing sawijining wektu, wong-wong padhusan padha mbeburu kewan alas, arep kanggo wilujengan besih dusun. Meh sedino muput ora antuk gawe, terus padha ngaso lungguhan ing sangisoring wit gedhe. Ana salah sawijine wong kang kethok-kethok kayu landhesan oyod gedhe. Saiba kagete dene oyod mau ngetokake rah. Kanca-kancane padha gawok, sarta duwe pandunga menawa kang metu rahe iku ula gedhe.Tinimbang ora anthuk kewan alas, antuk ula gedhe iya lumayan. Wong-wong mau banjur pada mbruncah ula, daginge digawa mantuk kapasrahake menyang daleme Pak Bayan.
Esuke ing daleme Pak Bayan wong-wong wadon pada rewang olah-olah, marga sorene arep wilujeng bersih dusun. Suksmane ula mau memba-memba bocah lanang, mara menyang daleme Pak Bayan njaluk sega karo iwak, nanging ora dir ewes babar pisan. Ana sawijine wong wadon tuwa sing welas marang bocah mau, banjur menehi sega lawuh iwak. Bocah lanang mau seneng banget, saking rasa panarimane, banjur meling marang Simbah Wedok mangkene, “Mbah mangke badhe wonten bena ageng, sampeyan sedhiya lesung kalih enthong, lesung kangge prau, enthongipun kangge melahi”.Bocah lanang mau bareng wis wareg, banjur menyang latarnancepke sada ing lemah, ing kono akeh bocah liyane sing pada ngrubung. Bocah sing duwe sada mau kandha mangkene, “ Ayo, sapa bisa mbedhol sadaku iki? “akeh bocah sing padha nyoba genti-genten mbedhol, nanging siji-siji ora ono sing kuwawa. Wong-wong ing pendhapa bareng krungu bocah-bocah ngguyu ger-geran banjur padha metu. Wusana wong-wong mau padha melu nyoba mbedhol, nanging yo ora anak sing kuwawa. Bocah kang duwe sada nuli kandha, “Yen ora ana sing kuwawa mbedhol, endi dak bedhole dhewe!”.Sawise saa kebedhol, tilase sada mau mancur banyu. Banyu mili gumbrojog, sangsaya suwe nuwuhake banjir, wong sadhusun  pating jerit ora karuwan polahe, wusana padha mati keblabak banjir. Nanging ana siji slamet merga numpak lesung, yaiku wong tuwa wadon kang menehi sega bocah lanang mau. Papan kang kebanjiran kasebut nganti seprene dadi rawa, ingaran Rawa Pening, kang pinangka tuk sumbere kali Tuntang.



PIDATO BAHASA JAWA

Perpisahan Sekolah

Pembukaan Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :Assalamualaikum Wr. Wb. Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undhangan, Bapak/Ibu Guru saha karyawan ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga ing wekdal menika kita saged makempal kanthi pinaringan karaharjanIsi Pidato
Kula minangka wakil saking siswa kelas IX, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sekanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.
Kula sakanca naming saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.Penutup Pidato Perpisahan Bahasa Jawa :Dhumateng Bapak/Ibu Guru lan adhik-adhik sedaya, sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah, Amin..
Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pengampunten. Wassalamualaikum wr. Wb
  Pidato Bahasa Jawa Tentang Pendidikan

Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.
Poro bapak, ibu lan sederek sedoyo ingkang kulo hormati. Ing dalem dinten ingkang berbahagiya niki monggo kulo lan pan-jenengan sedoyo ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt. ingkang sampun maringi nikmat lan rahmatipun sehinggo wakdal niki kito sedoyo saget kempal wonten meriki panggenan kaperlu ngengeti dinten pendidikan Nasional ingkang tepatipun tanggai kaping kalih saking wulan Mei tahun ;…….

Perlu sanget kito sedoyo sumerapi mbok beleh pemerintah Indonesia ing dalem kitab UUD 1945 sampun dipun programaken wajib belajar dumateng warga negarinipun milahi umur pitung tahun. Kito ugi sumerap ing dalem agami kito Islam ingkang sampun lami ngantos pinten-pinten abad niku, wakdal nabi saw. taksih gesang sampun mrogramaken utawi anjuraken wajib belajar dumateng umatipun niku sedoyo maksudipun supados umat beliau dados umat ingkang nggadahi ilmu pengetahuan lan ugi supados dados umat beliau saw. ingkang boten bodoh. Masalah niki kados pengendakane nabi saw. ing dalem hadits riwayat Ibnu Abdil Baar ingkang artosipun :“Nggoleko ilmu iku senajan ona negari Chino. Saktemene nggolek ilmu iku dipun wajibno ingatasi saben-saben wong Islam. Lan saktemene malaikat iku bakal ngerendahno sayape marang wong sing nggolek ilmu sebab repote marang pengga-wean iku.”Poro rawuh sedoyo ingkang kulo hormati.Lan kelawan ngengeti dinten pendidikan Nasional niki monggo kulo lan panjenengan sedoyo ningkataken malih anggenipun kito ing dalem mados ilmu, nopo niku arupi ilmu agami utawi arupi ilmu pengetahuan umum. Ilmu ingkang wonten hubunganipun kaliyan gesang ing dunyo kemawon lan wonten ilmu ingkang wonten hubungane kaliyan akhirat.Semanten ugi kito sumerap bentenipun kaliyan tiyang ingkang nggadahi kaliyan boten nggadah ilmu. Lan mugiyo amal lan ngabekti kulo lan panjenengan sedoyo dipun terami Allah swt. Amiin yaa Rabbal Aalamiin. Akhirul Kalaam.Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakaatuh.



Contoh Storytelling tentang The Rabbit and The Turtle One day a rabbit was boasting about how fast he could run. He was laughing at the turtle for being so slow. Much to the rabbit’s surprise, the turtle challenged him to a race. The rabbit thought this was a good joke and accepted the challenge. The fox was to be the umpire of the race. As the race began, the rabbit raced way ahead of the turtle, just like everyone thought. The rabbit got to the halfway point and could not see the turtle anywhere. He was hot and tired and decided to stop and take a short nap. Even if the turtle passed him, he would be able to race to the finish line ahead of him. All this time the turtle kept walking step by step by step. He never quit no matter how hot or tired he got. He just kept going.However, the rabbit slept longer than he had thought and woke up. He could not see the turtle anywhere! He went at full-speed to the finish line but found the turtle there waiting for him.


Artinya :Suatu hari seekor kelinci sedang membual tentang seberapa cepat dia bisa berlari. Dia tertawa di kura-kura karena begitu lambat. Banyak kejutan kelinci, kura-kura menantangnya untuk perlombaan. Kelinci pikir ini adalah lelucon yang baik dan menerima tantangan. Rubah itu menjadi wasit lomba. Sebagai balapan dimulai, kelinci berlari jauh di depan kura-kura, sama seperti orang berpikir. Kelinci sampai ke titik tengah dan tidak bisa melihat kura-kura di mana saja. Dia panas dan lelah dan memutuskan untuk berhenti dan tidur siang singkat. Bahkan jika kura-kura lewat, dia akan bisa berlomba ke garis finish di depannya. Selama ini kura-kura terus berjalan langkah demi langkah demi langkah. Dia tidak pernah berhenti tidak peduli seberapa panas atau lelah dia. Dia hanya terus berjalanNamun, kelinci tidur lebih lama dari dia berpikir dan bangun. Dia tidak bisa melihat kura-kura di mana saja! Dia pergi pada kecepatan penuh ke garis finish tetapi menemukan kura-kura ada menunggunya. 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar